Kang sinebut tirta kuwi banyu, gumelare dadi panguripan. Ing ngendi wae ana tirta, mesthi ana panguripan. Amerta tegese ora ketaman pati utawa kalis saka mati, tansah urip ora tau surud, tan murud ing kasidan jati.